Fiksi
Aja Njagakake Endhoge Si Blorok
"Lo, Ibu arep masak kanggo apa? Mengko yen diteri punjungan sega malah tumpuk-tumpuk ora ana sing maem, ature Diani nalika weruh ibune wis racik-racik lan ngliwet barang.
"Apa Bu Ani wis SMS kowe? Kok yakin yen bakal diteri sega?" ngendikane Bu Darmi tetep karo ibut racik-racik bumbu.
"Ibu kok ngendika ngono ta? Mosok Bu Ani SMS aku ature Diani
karo mrengut maneh.
"Mulane aja njagakake endhoge si Blorok. Ya nek ngendhog, la nek ora? Piye jal?" ngendikane Bu Darmi karo gumujeng.
Tidak tersedia versi lain